Tembang kinanthi
Nama kelompok 2
- Adi Irawan (2)
- Aji Wilyanto (4)
- Ellis Triyani (10)
- Fina Anggriyani (12)
- Naorma Asmara (19)
- Putra Wiguna (20)
- Reza Perdana Fauzi (23)
Tembang kinanthi
Pada 5
Ayawa sembrana ing kalbu = aja nganti sembrana ning ati
Wawasen wuwus sireki = waspada marang pangucapanmu
Ing kono yekti karasa = ning kono bakal kerasa
Dudu ucape pribadi = ora pangucapane dhewe
Marma den sembadeng sedya = mula kudu tanggung jawab
Wewesan praptaning uwis = nganti apa sing desembadaaki tuntas
Analisis
- Dasanama (kalbu:ati, sireki:kowe, pribadi:dhewe)
- Panambang (wawasen:en, ucape:e,wewesan:an)
- Atur-atur ( karasa:rasa)
- Garba ( sembadeng:sembada ing)
Pada 6
Sirnakna semanging kalbu = ngilangaki rasa mamang ing ati
Den waspada ing pangeksi = den waspada marang pandelengmu
Yeku dalaning kasidan = mengkono kui dalan kang apik
Sinuda saka sathithik = sudanen sangka sithik-sithik
Pamotaning nafsu hawa = kepenginane hawa nafsu
Linantih marih titih = den latiha supaya sempurna
Analisis
- Dasanama ( kalbu:ati)
- Panambang ( sirnakna:na)
- Plutan ( yeku:yaiku)
- Guru sastra ( sinuda saka sathithik)
- Guru swara ( linantih mamrih titih)
Pada 7
Aywa mematuh nalutuh = aja kulina tumindak ala
Tanpa tuwas tanpa kasil = tanpa guna tanpa kasil
Kasalibuk ing srabeda = kena marang gangguan
Marma dipun ngati ati = mula diati-ati
Urip keh rencananira = urip kui akeh panggodane
Sambekala den kaliling = panggoda kudu diperhatikna
Analisis
- Guru swara ( mematuh nalutuh)
- Cekakan ( keh:a)
Cakepan tembang kinanthi kanti tema alam jagad
Titipane gusti agung
Alame endah lan becik
Jaga lestarining alam
Aja nganti pada lali
Ngawe jaya lan sentosa
Alam jagad raya iki
Komentar
Posting Komentar